Senin, 17 Juni 2013

puisi berbahasa jawa

“ tenguk tenguk karo munyuk “

Yen kelingan ora tahan
Aku kebelet kasmaran marang sliramu

Dek jaman semono
Neng pojok gedung pertemuan ndeso pengging
Udan riwis riwis
Bledek nyamber nyamber
Becak e mbah sulimin dadi seksi
Janji setyo tekane rabi

Jaket iki
Sing tulesane vespa dadi seksi tresnamu
Dak tukokne kanggo ngangetke awakmu
Ning malah tok jak, jaket siji dinggo bebarengan

Mbah surip liwat neng prapatan dalan pengging
Nawakke limpung lan getuk
Sliramu gur mantuk mantuk
Tak tukokne patang tumpuk

Saking anget ngrangkul awakmu
Lali marang getuk
Ilang dipangan munyuk
Gari pincuk sing dikruyuk nyamuk

Tidak ada komentar: