Minggu, 23 Juni 2013

JAVANESE poetry

" sak nalika "



sak nalika tetepangan sliramu,
ati kagugah dening kasampurnaning wadakmu

nalikane katresnan mbombong ati
tan kena uwal saka ayang ayangmu

nalika jinumbuhan ati
sliramu dadi klangenanku

hamung siji
tresna iki amarga titah keng MAHA AGUNG
nora bisa tak uwalake saka panguripan iki
pepintaku
mugi sliramu gelem dadi makmumku
bisa sinandingan nglawan bebendune kadonyan
hamersudi manunggaling sak kloron tumrap kersane GUSTI

Tidak ada komentar: