“ Ceguk kiii jan edan
tenen og “
( geguritan MBELING)
He manuk ceguk
Kangen iki ora bisa mari
Ing prapatan gitar iki
ngancani
Anggonku ngalamun lan
tenguk tenguk
He manuk cenguk
Kowe gur bisa muni kuk
Opo ngece linggihku koyo
cenguk
Tega kowe too, guuuk - - guk
He manuk ceguk
Dak critani
Kenya sing dadi
pepujaning ati
Lunga rabi amarga pit
jengki
He manuk ceguk
Tetembangan kembang turi
karo kreta jawa
bisa marai pingin mati
bisa marai bronto iki
mari
he manuk ceguk
ayo nembang bareng
lathi iki raiso muni, bentuk’e
kadyo nulup munyuk
sirahku kebak pasuryane SUMINEM
kang gumrenggeng
Tidak ada komentar:
Posting Komentar