Rabu, 31 Juli 2013

tresna ing pojok umbul pengging



yayi
Koe kang dadi pengarepku
Percaya marang rasaku
Aku lan koe beda nanging bisa nyawiji
Ora ana kang bisa nguwalake tresnamu lan tresnaku

Ngomongo
Anane gur ngudi bebungahe ati
Apa aku kang dadi pengarepanmu
Apa aku kang dadi angen angenmu
Bisa diarah wong loro

Saktemene
Silramu sawiji kang dadi pangarepanku
Sliramu sawiji kang dadi angen angenku
Tulung tampanana tresnaku kanti bungah lan ikhlas
Aku kepingin sliramu micoro “ aku kepingin urip sesandingan marang sliramu kangmas “

Nimas,
Aja nganti lali
Ing pojok umbul pengging
Janji setya bakal nyawiji tekaning pati
Witting ringin kang dadi seksi
Sak banjure sliramu tak rangkul
Dak gegem tanganmu
Sliramu merem melek kepingin tak geget lambemu
Nanging ora dik
Sesuk yen wis krama dak geget sakkabehmu

Tidak ada komentar: