yayi
Koe kang dadi pengarepku
Percaya marang rasaku
Aku lan koe beda nanging bisa
nyawiji
Ora ana kang bisa
nguwalake tresnamu lan tresnaku
Ngomongo
Anane gur ngudi bebungahe
ati
Apa aku kang dadi
pengarepanmu
Apa aku kang dadi angen
angenmu
Bisa diarah wong loro
Saktemene
Silramu sawiji kang dadi
pangarepanku
Sliramu sawiji kang dadi
angen angenku
Tulung tampanana tresnaku
kanti bungah lan ikhlas
Aku kepingin sliramu
micoro “ aku kepingin urip sesandingan marang sliramu kangmas “
Nimas,
Aja nganti lali
Ing pojok umbul pengging
Janji setya bakal nyawiji
tekaning pati
Witting ringin kang dadi
seksi
Sak banjure sliramu tak
rangkul
Dak gegem tanganmu
Sliramu merem melek
kepingin tak geget lambemu
Nanging ora dik
Sesuk yen wis krama dak
geget sakkabehmu
